Photobucket

Wednesday, October 12, 2011

Lamaran Bahasa Jawa

Secara mengejutkan, saya diminta untuk mewakili Om saya dalam acara acara lamaran calon mempelai wanita untuk putranya. Wah, sudah setua itukah diriku ? Usut punya usut, ternyata alasannya adalah karena saya seorang native speaker Bahasa Jawa.

Karena ini debut pertama, dengan serius saya menggubah susunan kata-kata lamaran, yang kemudian saya konsultasikan via telepon ke Bapak saya. Beliau sudah sering berpidato dalam Bahasa Jawa. Dan katanya sih, naskah lamaran saya nilainya...sembilan.. :D

Berikut ini adalah lamaran saya, dengan Bahasa Jawa sederhana.

Assalamu ‘alaykum wr.wb.
Alhamdulillahirabbil ‘alamin. Allahuma shalli ‘ala Muhammad, wa ‘ala alihi washahbihi ajma’in.

Puji syukur, kita konjukaken wonten ngarsanipun Allah Swt, ingkang sampun paring rahmat lan kanikmatan dhumateng umatipun, saengga dugi titi wanci menika, kita sedaya tansah manggih ing karaharjan, widada astuti, nir ing sambekala.

Shalawat sarta salam, mugi tansah tinetepna kagem junjungan kita Rasulullah Muhammad Saw, sumrambahipun dhumateng kulawarga Nabi, para sohabat, lan jamaah muslimin lan muslimat sedaya.

Wonten ngarsanipun para pinisepuh lan sesepuh kulawarga Bapak --- ingkang satuhu kinabekten, lan para tamu undangan ingkang dhahat kinurmatan, keparenga kula kumowantun matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, minangka sulih aturipun Bapak --- sakulawarga, ingkang pidalem wonten ing Desa ---, Kec ---, Kab ---.

Ingkang sepisan, Bapak --- sakulawarga ngaturaken salam taklim kanthi atur “Assalamu ‘alaykum wr.wb”, katur keluarga besar Bapak ---, sinartan atur panuwun ingkang tanpa upami, dene sowan kula sakrombongan sampun katampi kanthi sae lan kanthi renaning penggalih.

Kaping kalihipun, netepi jejegipun tiang sepuh, Bapak --- kaliyan Ibu --- ingkang peputra Dhimas ---, dipun sambati dening putranipun, dene anggenipun srawung kekancan kalian Nimas --- putra putrinipun Bp --, tambah raket, nuwuhaken raos tresna ingkang tan kena pinisah. Golonging tekad, Dhimas --- nedyo ngajak bebrayan wontening ikatan perkawinan ingkang suci. Kanthi menika, Bp --- sakulawarga sowan wonten ngarsanipun kulawarga Bp ---, kanthi sedya nglamar putrinipun, ingkang sesilih Nimas ---.

Njangkepi sowan kula sakrombongan, kula aturaken ugi uba rampe rerangkening pirembagan, ingkang arupi kalpika/cincin lan oleh-oleh sakcekapipun. Mugi saget katampi, lan ndadosaken rumaketing silaturahmi antawisipun kulawarga Bp --- lan kulawarga Bp ---. Amin.

Makaten ingkang dados atur kula. Mbok bilih wonten klenta klentu saha kebat kliwating atur kula ingkang mboten ndadosaken serjuning penggalih, saestu kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami.

Wabilahitaufiq walhidayah, Wassalamu ‘alaykum wr.wb.


Pada Hari H-nya, ternyata keluarga calon mempelai wanita menyambut rombongan pelamar kami dengan Bahasa Indonesia dan sedikit bercampur dengan Bahasa Jawa. Akhirnya saya pun menggunakan bahasa campur-campur, tidak sesuai naskah aslinya.

Published with Blogger-droid v1.7.4

18 comments:

depalpiss said...

mantap masih ingat, budaya kita! bahsa Jawa khan bagian dari budaya yah!!(nice jadi ga lupa) :)smile mantap brada seep! salm.. salam.. salam

Made Budilana. said...

biarpun dunia semakin canggih, tetapi jangan sesekali melupakan budaya daerah seperti budaya anda...jawa.

Jari said...

ikutan mencotoh lamaran bahasa jawanya, matun nuwun.

Anonymous said...

makasih infonya.semoga tambah bagus blognya

BENUAPKR said...

YUK JOIN SITUS POKER ONLINE AMAN DAN TERPERCAYA WWW.ROYALFLUSH99.COM BURUAN GABUNG...

BENUAPKR said...

YUK JOIN SITUS POKER ONLINE AMAN DAN TERPERCAYA WWW.ROYALFLUSH99.COM BURUAN GABUNG...

Ibnugalery said...

Artinya dong, kang mas....makasih

Anonymous said...

Matur suwun dados nambah kaweruh kagem matur wontenipun acara lamaran

Megawindaw said...
This comment has been removed by the author.
Anonymous said...

Naskah ingkang sae lan sampun awon. matur nuwun sanget naskah lamaranipun ngagem basa jawi. Ampun ngantos dipun laleaken.

juragan tengil said...

kula nyuwun idzin panjenengan badhe nulad. nuwun

M. Abdullah Habib said...

Matur nuwun,

Kados sanget mumpangat kangge kados kuli sinahoso sak menikomanggen wonten tlatah Sumatera, awet piyantun Jawi tetep nguri uri kebudayan Jawi sahenggo bohoso Jawi tetep pun agem sadintin dinten.

Nuwun.

Unknown said...

Ruarr biyasaaah..! 👍🏻👍🏻

Unknown said...

Siip pak dhe

Unknown said...

Matur nuwun paringipun tuladha

Dian Indrayani said...

Menika sampun lumayan sae, ngengeti papan pan panggenanipun. Kadosipun meh sami menggah tradisi basa ingkang wonten tlatah Kula. Suwun Kang Mas🙏🏻

ayo ngaji said...

Mantep tenan

Anonymous said...

Rodo ra mudeng